Tembung macapat

A. Pangerten Tembang Macapat
   Tembang macapat yaiku tembang jawa tradhisional sing nduweni paugeran yaiku guru lagu, guru wilangan, lan guru gatra.

B. Jenis – Jenis Tembang Macapat

1. Maskumambang (Ing Njero Kandungan) Gambarake jabang bayi sing isih ana ing         kandhutane ibune, sing durung kawruhan lanang utawa wadon, Mas ateges durung eruh lanang utawa wedon, kumambang ateges uripe ngambang nyang kandhutane ibune. Watak tembang iki, umume isine kaya wong kang lagisambat lara, ketula – tula, sengsara, nelangsa, lan keranta – ranta.
2. Mijil (Lahir) Ateges wis lair lan wis cetha priya utawa wanita.Watak tembang iki yaiku asih lan tresna.
3. Sinom (Enom) Ateges kanoman, minangka kalodhangan sing paling wigati kanggone wong anom supaya bisa ngangsu kawruh sak akeh akehe. Watak tembang iki yaiku grapyak lan renyah.
4. Kinanthi (tuntunan) Saka tembung kanthi utawa nuntun kang ateges dituntun supaya bisa mlaku ngambah panguripan ing alam ndonya. Watak tembang iki yaiku rasa seneng, katresnan, lan kawicaksanaan.
5. Asmarandana (asmara) Ateges rasa tresna, tresna marang liyan (priya lan wanita lan kosok baleni) kang kabeh mau wis dadi kodrat Illahi. Watak tembang iki yaiku sengsem utawa seneng.
6. Gambuh (Kecocokan) Saka tembung jumbuh utawa sarujuk kang ateges yen wis jumbuh utawa sarujuk banjur digathukake antarane priya lan wanita sing padha nduweni rasa tresna mau, ing pangangkah sipaya bisa urip bebrayan. Watak tembang iki yaiku kulina lan nepung- nepungke.
7. Dhandhanggula (Seneng) Nggambarake uripe wong kang lagi seneng – senenge, apa kang digayuh bisa kasembadan. Kelakon duwe sisihan utawa bojo, duwe anak, urip cukup kanggo sak keluwarga. Mula kuwi wong kang lagi bungah utawa bombing atine, bisa diarani lagu Dhandhanggula. Watak tembang iki yaiku luwe lan ngresepake.
8. Durma (Dermawan) Saka tembung darma utawa weweh. Wong yen wis rumangsa kecukupan uripe, banjur tuwuh rasa welas asih marang kadang mitra liyane kang lagi nandang kacintrakan, mula banjur tuwuh rasa kepengin darma utawa weweh marang sepadha – padha. Kabeh mau disengkuyung uga saka piwulange agama lan watak sosiale manungsa. Watak tembang iki yaiku nesu lan muntab.
9. Pangkur (ngadohi hawa nafsu) Saka tembung mungkur kang ateges nyingkiri hawa nepsu angkara murka. Kang dipikir tansah kepengin weweh marang sakpadha – padha. Watak tembang iki yaiku sereng lan tegas.
10. Megatruh (Kematian) Saka tembung megat roh utawa pegat rohe utawa nyawane, awit wis titi wancine katimbalan marak sowan mring Sing Maha Kuwasa. Watak tembang iki yaiku nglara lan sedih.
11. Pocung (dibungkus mori putih) Yen wis dadi layon utawa mayit banjur dibungkus mori putih utawa dipocong sakdurunge dikubur. Watak tembang iki yaiku sembarana, gecul lam ora ana greget saut.

PAUGERAN TEMBANG MACAPAT.

Tembang macapat kadhapuk kanthi paugeran guru gatra, guru wilangan lan guru lagu.
a. Guru gatra yaiku cacahing gatra/larik saben sakpada(satu bait)
b. Guru Wilangan yaiku cacahing wanda (suku kata) saben sagatra.
c. Guru Lagu yaiku tibaning swara pungkasaning gatra.

Guru gatra, guru wilangan, lan guru lagune tembang macapat yaiku :
1. Mijil : Kedadeyan saka 6 gatra : 10i, 6o, 10e, 10i, 6i, 6u
2. Kinanthi : Kedadeyan saka 6 gatra : 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i
3. Sinom : Kedadeyan saka 9 gatra : 8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a
4. Asmaradhana : Kedadeyan saka 7 gatra : 8a, 8a, 8e, 8a, 7a, 8u, 8a
5. Dhandhanggula: Kedadeyan saka 10 gatra: 10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12e, 7a.
6. Gambuh : Kedadeyan saka 5 gatra : 7u, 10u, 12i, 8u, 8o
7. Maskumambang: Kedadeyan saka 4 gatra : 12i,6a, 8i, 8a
8. Durma : Kedadeyan saka 7 gatra : 12a, 7i, 6a, 7a, 8i, 5a, 7a
9. Pangkur : Kedadeyan saka 7 gatra : 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i
10. Megatruh : Kedadeyan saka 5 gatra : 12u, 8i, 8u, 8i, 8o
11. Pocung : Kedadeyan saka 4 gatra : 12u, 6a, 8i, 12a

Komentar

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

Geguritan (puisi)