Tembung macapat
A. Pangerten Tembang Macapat Tembang macapat yaiku tembang jawa tradhisional sing nduweni paugeran yaiku guru lagu, guru wilangan, lan guru gatra. B. Jenis – Jenis Tembang Macapat 1. Maskumambang (Ing Njero Kandungan) Gambarake jabang bayi sing isih ana ing kandhutane ibune, sing durung kawruhan lanang utawa wadon, Mas ateges durung eruh lanang utawa wedon, kumambang ateges uripe ngambang nyang kandhutane ibune. Watak tembang iki, umume isine kaya wong kang lagisambat lara, ketula – tula, sengsara, nelangsa, lan keranta – ranta. 2. Mijil (Lahir) Ateges wis lair lan wis cetha priya utawa wanita.Watak tembang iki yaiku asih lan tresna. 3. Sinom (Enom) Ateges kanoman, minangka kalodhangan sing paling wigati kanggone wong anom supaya bisa ngangsu kawruh sak akeh akehe. Watak tembang iki yaiku grapyak lan renyah. 4. Kinanthi (tuntunan) Saka tembung kanthi utawa nuntun kang ateges dituntun supaya bisa mlaku ngambah panguripan ing alam ndon...

Meilia Siska
BalasHapusKurang lengkap
BalasHapusOpo iku??
BalasHapus