Geguritan (puisi)
Geguritan
Geguritan iku sawijining rumpakan, pepathan, karang kang awujud rerocen tembung lan ukara kang Indah, ringkes, padhat, lan mintes. Geguritan kelebu karya sastra Jawa gagrak anyar. Ana sing ngarani geguritan iku puisi Jawa moderen, maksude wujude puisi lan muncul ing jaman sastra Jawa anyar utawa modern.
Ing sejarah kasastraan Jawa wujud puisi iku ora mung geguritan bae, nanging uga ana tembang apa bedane! Geguritan iku ditulis tanpa paugeran guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu, dene tembang iku kaiket ing paugeran guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu. Tembang ing kasustraan Jawa iku werna- werna yaiku:1. Tembang gedhe/kakawin (sastra Jawa kuno)
2. Tengahan/kidung (macapat)
3. Cilik/alit
4. Dolanan (campuran)
Contoh Geguritan
STRUKTUR TEKS GEGURITAN
A. Struktur Lair
Struktur lair yaiku wujud kang bisa dideleng lan dituduhake ing geguritan kanggo para siswa kudu ngeling-eling mara tembung ukara gatra, padha lan tata panulisan kang ana ing geguritan struktur lair kang dirembang, yaiku :
- Tipografi
2. Imaji
Amarga geguritan nggunakake basa minangka sarana, mulane yen para siswa bisa nemokake daya panyitra/imaji ing sawijining geguritan, iku bakal dadi sangu kang wigati banget kanggo nyinau lan ngerteni isine geguritan.
3. Gaya
Lelewane basa ing geguritan yaiku keendahan tembung lan ukara, lan basa kang digunakake dening panggurit.
4. Enjambemen
Yaiku tembung-tembung kang sengaja diseleh ing akhir gatra utawa madeg dhewe ing sawijining gatra, kang gunane kanggo nguwatake gatra ing dhuwur lan ing sangisore.
5. Purwakanthi.
Purwakanthi iku nggandheng utawa melu karo sing wiwitan utawa sing ana ing ngarepe.
- Purwakanthi guru swara: yaiku aksara swara (vokal), swarane kang nurut
- Purwakanthi guru sastra: geguritan nduweni purwakanthi guru sastra yen sing runtut sing ngarep aksara sigege (konsonan)
Kejaba struktur lair uga ana struktur batin, yaiku wujud geguritan kang ora kasat mripat, jenenge bae batin.
- Tema-gagasan pokok
- Wirasa-swasana
- Amanat- tujuan/pesene panggurit

Pengen es teh
BalasHapusBermanfaat
BalasHapus